Selasa, 10 Januari 2012

Parikan

Add caption
Parikan uga diarani pantun Jawa, nanging ing parikan mung dumadi saka rong ukara. Parikan yaiku unen-unen sing kalebu puisi Jawa Tradisional kang isine sindhiran lelucon kanggo ngipur, lan pitutur tumrap ing bebrayan.

A. Ciri-ciri (Paugerane) Parikan :
  1.  Kedadeyan saka rong ukara
  2.  Saben saukara dumadi saka rong gatra
  3.  Nggunakake purwakanthi guru swara
  4.  Ukara kapisan minangka pambuka (sampiran) ukara kapindo minangka (surasane)

B. Wujude Parikan :
1. Kedadeyan saka 4 wanda + 4 wanda (x2). Tuladhane : 
    Manuk emprit, nucuk pari
    Dadi murid, sing taberi
2. Kedadeyan saka 4 wanda + 6 wanda (x2). Tuladhane :
    Liwat parit, lumumpat ing pager
    Dadi murid, sing sabar lan pinter
3. Kedadeyan saka 3 wanda + 5 wanda (x2). Tuladhane :
    Parine, wis lemu-lemu
    Atine, wis kudu nesu
4. Kedadeyan saka 4 wanda + 8 wanda (x2). Tuladhane :
    Rujak nanas, pantes diwadahi gelas
    Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora waras
5. Kedadeyan saka 8 wanda + 8 wanda (x2). Tuladhane :
    Anak jaran, jare belo, mlebu toko awan-awan
    Seneng dolan dadi bodho, blela-blelo ra karuwan